Pupuh yaiku jinising tembang. Menawa Pada yaiku araning cacah tembang macapat saben salagu saka wiwitan tekan pungkasan.Pocung (ana kalane tinulis pocong) iku tembang macapat kang ngelingake marang pepati. Pocung cedhak karo tembung Pocong. Kaya pralambang mori kaggo mbungkus layon, Pocung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip neng dunya ana pungkasane.
Ananging pocung ugi nduwe teges liya. Wanda cung uga marai gawe rasa seger di enggo tembang tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhekan. Mula tambang pocung kajaba nggambarake layon di pocong, uga nduweni watak sakepenake utawa kendho. Pupuh pocung iku nduweni 15 pada. Coba gatekna ing ngisor iki!
Pada 1
Ngelmu iku, Kelakone kanthi lakuLekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Gancaran 1
Ngelmu iku bisa kagayuh yen di lakoniKAwiwitan kanthi niat
Bisa gawe sentosaning diri pribadi
Bisa ngasorake tindak angkara
Pada 2
Angkara gung, Neng angga aggung gumulungGogolonganira
Triloka lekere kongsi
Yen di umbar ambabar dadi rubeda
Gancaran 2
Nepsu angkara kang gedheJroning driri pribadi bakal saya ndadi lan ngrembaka
Olong golong anut jenise
Ngrembaka saindheng ing jagad
yen di umbarake bakal dadi memala
Pada 3
Bada lamun, Kang sus sengsem reh ngasamunSemune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama
Gancaran 3
Beda kalawan kang wus ngerti marang dhiri pribadiSugih ing pangapura
Marang pepadha kang luput
Supaya sabar lan berbudi ing saben wayah
Pada 4
Taman limut, Durgameng tyas kang weh limputKarem ing katamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngreda sahardi gengira
Gancaran 4
Dhiri pribadi kang waspada tumindak alaKang agawe lali ora gelem gawe rubeda
Amarga tan pinaring rahmat
lan anugrah Gusti Allah
Pada 5
Yeku patut tinulad-tulad tinurutSapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mudhi diri lapal makna
Gancaran 5
Yaiku kang patut di tuladhaKaya kabeh pituduhku
Aja kaya jaman mengko
Akeh bocah anomm kang kumalungkung amarga apalan ayat
Pada 6
Durung becus kesusu selak besusAmaknani rapal
Kaya sayid weton mesir
Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma
Gancaran 6
Durung pinter nanging wes kuminterNegesake ayat
Kaya sayid saka mesir
Saben-saben mung ngremehke Kagunane wong liya
Pada 7
Kang kadyeku kalebu wong ngakuAku akale alangka
Elok jawane denmohi
Paksa langkah ngangkah met kawruh ing mekah
Gancaran 7
Kang kaya ngunu iku kalebu wong kang ndakuKapinterane cethek
Budaya jawa di emohi
Suwalike malah milih sinau neng negara mekah
Pada 8
Nora weruh, Rosing rasa kang rinuruhLumeketing angga
Anggere padha marsudi
Kana-kene kaanane nora beda
Gancaran 8
Orangerti tegese ngelmu kang di sinauSaktenane ana ing dhiri pribadi
Sauger gelem ngupaya
Ngendi-endi ngelmu iku padha wae
Pada 9
Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbuYen kanul kabuka
Ing drajat kajatig urip
Kaya kang wus winahya sekar srinata
Gancaran 9
Sauger ora kakean tingkahSupaya remasuk ing ati lan kalbu
Drajat kamulyan sejati
Kaya kang tinulis ing pupuh
Pada 10.
Basa ngelmu mupakate lan panemunePasahe lan tapa
Yen satria tanah jawi
Kuna kuna kang ginilut tripakara
Gancaran 10
kang arane ngelmu iku, Mufangate pada lan panemune dhiriKanthi pasa lan tapa
Yen satria tanah jawa
Biyen biyen kang dadi ana telung perkara
Pada 11
Lila limun kelangan nora gegetun,Trima yen ketaman
Sakserik semeng dumadi tri
legawa nalangsa srah ing bathara
Gancaran 11
Ikhlas, lila yene kelangan ora di getuniSabar yen di sendhu lan di larani
Dening sapadha padha
Sabar pasrah ing ngrasani Gusti Allah
Pada 12
Bathara gung Inguger granng jajantungJenek hyang wisesa
sana pasenedan suci
Nora kaya si mudha mudhar angkara
Gancaran 12
Gusti Allah iku dumunung ana ing telenging atiDadi siji kang maha kuasa
Mung tansah jaga sucining lahir lan bathin
Ora kaya wong kang tansah ngumbar angkara
Pada 13
Nora uwus kareme anguwus uwusUwuse tan ana
Mung janjini muring muring
Kaya buta buteng betah anganiya
gancaran 13
Ora gelem di ina nanging enenge ngina sapadha-padhaOra ana tegese
Bisane amung nesu nesu
Kaya buta, bodho seneng gawe piala
Pada 14
Sakeh luput ing angga tansah liniputlinimpet ing sabda
Narka tan ana udani
Lumuh ala ardane ginawa gada
Gancaran 14
Kabeh luputing dhiri pribadi Di tutup-tutupiDi tutupi nganggo manise tembung
Ngira yen ora ana kang mangerteni
Ngomongo yen ora seneng gawe ala nanging tumindake gawe rusak
Pada 15
Durug punjul ing kawruh kaselak jujulKaseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih
tangeh nedya anggambuh mring Hyang wisesa
Gancaran 15
Durung pinter naging kesusu kepingin di anggep wasisAmarga ana hawa lan rasa kurang
Kang tinutup dening pamrih
Tangeh bisa manunggal kalawan gusti Allah